Tempat Berbagi Ilmu

Conto boso Rinenggo

Contoh Bhs.Rinenggo dalam Acara-Acara Jawa



1.Conto nomer siji (Contoh nomer satu)
Assalamu’alaikum wr. wb.
الحمد لله رب العالمين- وبه نستعين على امورالدنياوالدينوالصلاةوالسلام على سيدناومولنامحمد- وعلى اله وصحبه اجمعين- ولاحول ولاقوةالابالله العلى العظيم- امابعد
-ingkang kinurmatan al mukharom Bopo K.H Iskandar S.Ag, M.SI saking latah Salatiga ingkang tansah kito antu antu mauidhoh khasanahipun.
-ingkang kawulo hormati Bopo Kepala Dusun Tarukan
-ingkang kawulo hormati Bopo Ketua Takmir Masjid Baiturrahman Tarukan
-ingkang kawulo hormati poro alim soho poro ulama’ ingkang tansah kito to’ati fatwanipun
-ingkang kawulo hormati poro pini sepuh soho aji sepuh
-ingkang kawulo hormati bapak-bapak, ibu-ibu soho adik- adik Hadirin rohimakumullah
langkung rumiyin monggo kito panjataken raos puji syukur wonten ngarsanipun Allah SWT ingkang sampun maringi kito pinten-pinten kenikmatan, sehinggo wonten ing siang puniko kito saget makempal wonten ing Masjid Baiturrahman mriki kangge mengeti pengaosan Halal bi halal soho pengetan Kemerdekaan RI ingkang kaping 68, kanti wilujeng mboten wonten halangan setunggal punopo.
Sholawat soho salam mugi-mugi kunjuk dumateng Nabi Muhammad SAW, engkang mbeto umatipun saking zaman jahiliyah tumuju zaman islamiyah engkang kito raosaken sak meniko, soho engkang kito antu-antu syafaatipun wonten ing yaumil Qiyamah Amin.
Wonten mriki kawulo kajibah minongko pranoto adicoro, badhe maosaken susunan acoro wonten ing siang puniko.
Adicoro kaping sepindah inggih meniko : Pambuko
Adicoro kaping kalih inggih meniko : Waosan tahlil
Adicoro kaping tigo inggih meniko : Sambutan-sambutan
Adicoro kaping sekawan inggih meniko : istirahat soho hiburan
Adicoro kaping gangsal inggih meniko : waosan ayat-ayat suci Alqur’an
Adicoro kaping enem inggih meniko : inti pengaosan kelajengaken do’a
Adicoro kaping pitu inggih meniko : penutup soho musyafakhah.
Adicoro kaping sepindah inggih puniko pambuko, monggo acoro wonten ing siang puniko kito bikak kanthi waosan ummul Qitab sesarengan.... al-Fatihah.
Adicoro kaping kaleh inggih puniko wosan tahlil ingkang bande dipun pimpin dining Bopo Ustadz  Nur Khamim, wedal soho panggenan kulo sumanggaaken.
Adicoro engkang kaping tigo inggih puniko sambutan-sambutan:
•     Sambutan ingkang kaping sepindah saking Kepala Dusun Tarukan, dumateng panjenenganipun Bopo Kasirin wedal soho panggenan kulo sumanggaaken.
•     Sambutan ingkang kaping kalih saking Takmir Masjid Baiturrahman, dumateng panjenenganipun Bopo Arif Mukhlasin wedal soho panggenan kulo sumanggaaken
Adicoro ingkang kaping sekawan inggih puniko istirahat soho hiburan sangking grub robana Haida Al-Rahmah
Adicoro kaping gangsal inggih puniko wosan ayat-ayat suci al-Qur’an ingkang bande dipun waos dining ibu Umi Khoiriyah, wedal soho panggenan kulo sumanggaaken.
Tumuju titiwancinipun adicoro ingkang kaping gangsal inggih puniko inti pengaosan ingkang kalajengaken do’a. Dumateng al mukharom Bopo KH. Iskandar wekdal soho panggenan kawulo sumanggaaken.
Adicoro kaping pungkasan inggih puniko penutup ingkang kalajengaken musyafakhah, monggo acoro pengaosan wonten ing siang puniko kito tutup kanthi waosan hamdallah soho do’a kifarotul majlis. Kulo dereaken...
Mekaten saking kawulo, sakderengipun musyafakhah dipun wiwiti, kulo minangkani pranoto adicoro menawi wonten atur engkang kirang mranani dumateng penggaleh panjenengan sedoyo kulo nyuwun agungin pangapunten.


Wassalamualaikum Wr.Wb
2.Conto nomer loro (Contoh nomer dua)
Assalamu'alikum Wr.Wb.
panjenenganipun para sesepuh,para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautaman, ingkang pantes pinundhi saha kinabekten,punapa dene pengjenenganipun panjenenganipun kakung sumawana putri ingkang dahat kalingga murdhaning akrami
Khanti pepayung budi rahayu sah hangunjukaken raos suka syukur dhumateng gusti,"mugi rahayuha sagung dumadi",tansah kajiwa lan kasalira dhumateng panjenengan sadaya hangkuberana dhumateng kawula
Amit oasang aliman tabik,mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik,dene kawula cumanthaka marak mangarsa hanggempil kamardi kan panjenengan inngkang katemben wawan pangandikan,inggih awratipun hamestuti jejibahan luhur kula pinji. Minangka duta saraya sulih sarira saking panjenenganipun Bp............sekalihan
panjenenganipun Bp........sekalihan garwa(ingkang mengku gati) ingkang pantes katuran sangunging pakurmatan,kula pinangka sulih sarira saking panjenengenipun Bp........sekalihan,ingkang sepisan;ngaturakeun salam taklim mugi katur wonten ngarsa panjenengan,sumarambah para kulawarga samudayanipun.
Jangkep kaping kalih;ing nguni sampun wonten pirembagan,ingantawisipun Bp.......... sekalihan,hanggadhahi putra kakung kekasihpun Bg.........kaliyan Bp.........sekalihan garwa (lingkang mengku gati)hanggadhahi kenya sesilih Rr.........
Gumulonging pirembagan nedya hangraketaken balung pisah daging arenggang,bebasan ngebun-ebun enjang ajejawah sonten ndhodhok latar ndhodhog lawang sumedya nginang jambe suruhe kanthi atur makaten karena sampun jumbuh anggenipun pepetangan saha sampun manunggal cipta,rasa miwah karsa,ingkang punika saking angenging manah panjenengenipun Bp......... sekalihan,anggeniupn katampi panglamaripun pramila inng kalengahan punika ngaturaken saran miwah upakarti pinangka jangkeping tatacara salaki rabi
Weondene ingkang badhe kaaturaken wonten kaarsanipun Bp.......... sekalihan garwa inggih pnika;
sanggan,saha majemuk ingkang sampun wonten wujudpun,kanthi pangajabing sadya dadosa sarana sahipun sesanggeman miwahb rake ting kekadangan,saengga mboten sa'aged pisah lami-laminipun.
kasoking katresna Bp......... sekalihan garwa,ing mriki badhe ngaturaken malih ingkang awujud.................. ing pangajab pinangka agemanipun badhe/calon panganten putri.
Mboten kakilapan Bp...................sekalihan ngaturaken redana wujudpun art,keinginga darnel ngentheng-enthengi anggenipun Bp........... sekalihan garwa (ingkang mengku gati)netepi darmaning sepuh harmiwaha putra mahargya siswi. Kajawi punika panyuwunipun Bp.........sekalihan,ing benjang menawi sampun dumugi titiwanci tumapaking gati,mugi calon panganten kaijabna saha kapanggihna anut satataning agami miwah adat widhiwidana ingkang sampun lumampah wonten ing mriki.
Minangka pungkasening atur,hambok bilih Bp...........sekalihan anggenipun ngaturaken sarana dalah upakarti wonten kakirangannipun,mawantu-wantu nyuwun angenging samodra pangaksamisumamnten ugi kula minangka sulih sarira saking panjenengenipun Bp..........sekalihan,menawi wonte gonyak ganyuking wicara miwah kiranging suba sita ingrah tatakrami,kawula nyuwn sihing samodra pangaksami.
Akhiru kalam billahi taufik wal hidayah.

Wassalamu'alaikun Wr.Wb.


3.Conto nomer  telu (Contoh nomer telu)
MC MANTEN BOSO JAWI
·        Hadrotal Mukarromin poro ulamul Amilin, soho poro bapak Kyai ingkang rinten dalu tansah sumanding kalian pustoko suci wahyuning Ilahi, minongko panuntun kiblating panembah ingkang satuhu luhuring budi, wabil khusus dumateng panjenenganipun Romo Kyai ARIV ingkang tansah dipun tenggo menggah punopo ingkang dados atur fatwa utawi Mauidloh Hasanahipun.
·        Dumateng panjenenganipun poro pepunden poro sesepuh dalah pinisepuh ingkang sampun handukaping yuswo, ingkang ateges sampun pono ing pamawas soho lebodo ing pitutur
·        Dumateng panjenenganipun poro pangemban pangembating projo satriyaning nagari minongko dados pandam pandoming poro kawulo dasih ingkang sanubo ing pakurmatan
·        Dumateng panjenenganipun poro Bapak dalah poro Ibu penderek risang pinanganten (kakung/putri) ingkang saking tlatah SEMANDING ingkang pantes lamunto sinudarsono
·        Samudayaning poro tamu kakung miwah putri, kadang taruno soho kadang werdo ingkang satuhu dahat kinurmatan.



Minongko dados purwakaning atur, sumonggo kulo dalah panjenengan sami tansah muji syukur dumateng ngarso dhalem Allah SWT biqoulina ALHAMDULILLAHIROBBIL ‘ALAMIN, dene punopo kanti Rohmat Taufiq Hidayah soho Barokah ingkang rumentah dateng kulo dalah panjenengan sami, katitik ing titi kalodangan (Enjang Siang Dalu) puniko, kito sedoyo saget makempal manunggal saperlu nderek-nderek mangayu bagyo wontenipun adicoro pawiwahan agung unduh pinanganten wonten ing dhalemipun (Bopo/Ibu Jojon) kanti kawontenan rahayu wilujeng widodo lir ing sambikolo
Sholawatullohi wasalamuh mugio tansah katur kunjuk dumateng junjungan kito Nabi Agung Muhammad SAW, salah setunggalipun prio agung mustikaning bawono ingkang dados cundakaning Gusti ingkang akaryo luko kangge amilujengaken poro jalmo awit saking marco modo tumuju ing surgo luko, kanti pangajab mugi-mugi kanti barokahipun pawiwahan agung puniko, saget andadosaken sababiyahipun kito sedoyo pikantuk syafa’atipun benjang wonten ing Yaumal qiyamah amin
Samudayaning poro tamu ingkang manggih karaharjan, sarono gempil pangardikaning penggalih, kawulo kaparengo mbucal trapsilo kumo wanton cumantoko ngabiyantoro wonten ing ngarso handiko sami alumantar pawiwahan agung wonten ing saat meniko,saperlu nderek nderek mangayu bagyo lan ngesto’aken dumateng temanten kekalih nun inggih (Nimas kusumaning Ayu LUNA MAYA putri pepareb saking panjenenganipun Bopo DANI DEWA, wonten ing saat puniko pikantuk nugroho sih palimarmaning Gusti, ingkang supados gumebyur wonten ing telaganing bebrayan agung, winengku satriyo tomo nun inggih Kakang Mas Dyan Bagus ARIEL PETERPEN jalu tanoyo saking panjenenganipun Romo ROMA IRAMA ingkang pidalem wonten ing tlatah JAKARTE), kanti raos panolongso, kawulo ugi mundi kaluhuran saking panjenenganipun ingkang hamengku karso ingkang supados ngrantamaken menggah titi laksono adicoro ingkang bade kalampah wonten ing titi kalodangan (Enjang Siang Dalu) puniko, pramilo sakderengipun adicoro kalampah, kaparengo pambyoworo hamawaosaken menggah reroncening adicoro ingkang bade kalampah :
·        Adicoro ingkang ongko sepindah nun iggih Pambuko
·        Adicoro ingka ongko  2 Qiro’ati ma tayassaro minal Qur’an
·        Runtut adicoro ingkang onko 3, nun inggih dawuh pangandikan saking panjenenganipun sesulih kadang besan  soho penderek risang pinanganten
·        Adicoro ingkang kaping 4 palereman
·        Kalajengaken adicoro ingkang ongko 5 atur pambagyo harjo ingkang hamengku karso sekalian atur panampi
·        Dumawah adicoro ingkang ongko 6 nun inggih sabdo tomo waskito aji (Mauidlotul Hasanah) ingkang bade dipun wedar sabdoaken deneng panjenenganipun Romo KH Anisul Fuad
·        Paripurnaning adicoro wonten ing siamg puniko bade kapungkasi kalian waosan Do’a
Mekaten menggah titilaksono adicoro ingkang bade kalampah wonten iang dalu puniko,  Ngengeti  wekdal sampun sak antawis (sonten siang), pramilo monggo adicoro pawiwahan wonten ing Siang puniko kito bikak sareng2 kanti waosan surotul fatihah….. (Matur suwun kawulo aturaken,mugi2 saget beto lancaripun adicoro wonten ing saat puniko. Amin
Dungkap adicoro ingkang ongko 2 nun inggih Qiro’ati Ma tayassaro minal Qur’an,(dumateng panjenenganipun Ustadz FERGUSON, salah setunggalipun Penderek risang pinanganten kakung/estri) wekdal soho panggenan kawulo aturaken
“Shodaqollohul adzim wasodaqo rosuluhul karim wanahnu ‘ala dzalika minassyahidin, mekaten kolowau menggah kumandanging pustoko suci Al qur’anul karim, mugi-mugi saget maha nani khususipun dumateng temanten kekalih lumeberipun dumateng kulo dalah panjenengan sami, sahinggo kito sedoyo saget nemahi gesang ingkang Sakinah Mawaddah Warrohmah Barokah Fiddini Waddunya Walakhiroh Amin ya Robbal Alamin”
“Samudayaning poro tamu kakung miwah putri ingkang manggih karaharjan, sakderengipun adicoro dipun lajengaken, ing mriki kawulo mewakili Shohibul hajah, sumonggo pasugatan arupi daharan utawi unjuan ingkang sampun sumadyo wonten ing ngarso handiko sami, dipun rahapi sareng2, monggop kito wiwiti sareng2 kanti waosan Basmalah… (Bismillahir Rohmanir Rohim), monggo Bapak Ibu, dipun sekecaaken anggenipun lenggahan sinambi ngrantos paripurnaning adicoro”.
Dipun lajengaken adicoro ingkang ongko 3 nun inggih Atur pasrah, pramilo dumateng engkang kajibah wekdal soho panggenan dipun sumanggaaken , sumonggo..
“Terwoco tumoto (datan tumpang suh wijang wijiling) wicoro saking panjenenganipun sesulih kadang besan soho penderek risang pinanganten, pramilo dumateng panjenenganipun dipun aturaken matur suwun”
Poro pinilenggah sami ingkang satuhu dahat kinurmatan, dungkap adicoro ingkang saklajengipun, 4 nun inggih Atur pambagyo harjo saking panjenenganipun ingkang hamengku karso sekalian atur panampi, ingkang bade dipun aturaken dining panjenenganipun ROMO SULE PRIKITIU, dumateng panjenenganipun dipun sumanggaaken..
“Kaduk ruruh tur hangrarah prono atur pangandikan wakil saking panjenenganipun Shohibul Hajah soho atur panampi, pramilo dumateng panjenenganipun kawulo aturaken aGunging panuwun”
Dungkap lumampahing titilaksono adicoro ingkang ongko 5 nun inggih Mauidlotul Hasanah, wondenten wekdal puniko bade dipun wedar sabdoaken dening panjenenganipun ROMO KYAI OBAMA Saking Tlatah AMERIKA, pramilo dumateng panjenenganipun wekdal soho panggenan dipun aturaken
“Makaten kolowau “MH”, mugi2 punopo ingkang sampun dipun aturaken leres2 saget Manfaati soho barokahi khususipun dumateng temanten kekalih lumeberipun dumateng kulo dalah panjenengan sami, Amin
“Poro pinilenggah sami,adicoro tuin adicoro sampun kalampah, minongko paripurnaning adicoro pawiwahan agung wonten ing (siang malam) puniko, bade dipun pumgkasi kalian waosan Do’a, Ananging sakderengipun acoro Do’a kawiwitan minongko pratondoning adicoro sampun paripurno, rising pinanganten sekalian kadereaken sanak kadang sak murwatipun, kasuwun jumejer wonten ing rerambatan ngajeng meniko, ingkang saperlu bade nyuwun edi pangestu  saking poro pinilenggah sami, saking kawulo minongko pambyoworo estu katah kalepatan soho kekirangan awit cupeting pangertosan kawulo babakan trapsilo soho subo seto, pramilo kawulo tansah nyadong lumunturing sih samudro pangaksami ingkang tanpo upami, kawulo akhiri Wallohul muwaffiq liaqwamitthoriq Assalamu’alaikum Wr Wb


4.Conto nomer papat (Contoh nomer empat)
Nuwun, kulanuwun. Panjenenganipun para pepundhen, para sesepuh, para pinisepuh ingkang hanggung mastuti dhumateng pepoyaning kautamen, ingkang pantes pinundhi-pundhi saha kinabekten. Punapa dene panjenenganipun para tamu kakung sumawana putri ingkang dahat kalingga murdaning akrami.
Amit pasang aliman tabik, mugi tinebihna ing iladuni myang tulak sarik, dene kula cumanthaka sowan mangarsa hanggempil kamardikan panjenengan ingkang katemben wawan pangandikan. Kula piniji hanjejeri minangka pangendaliwara keparenga hambuka wiwaraning suka wenganing wicara dwaraning kandha, saperlu mratitisaken murih rancaking titilaksana adicara pawiwawahan prasaja ing ratri kalenggahan punika.
Sumangga kula derekaken sesarengan manungku puja-puji-santhi wonten ngarsaning Gusti Ingkang Maha Suci, ingkang sampun kepareng paring rahmat lan nikmat gumelaring alam agesang wonten madyaning bebrayan agung. Katitik rahayu sagung dumadi tansah kajiwa kasalira dhumateng panjenengan sadaya dalasan kawula, saengga kita saged hanglonggaraken penggalih hamenakaken wanci sarta kaperluan rawuh kempal manunggal ing pawiwahan punika, saperlu hanjenengi sarta paring berkah pangestu dhumateng Bapa Yatno sakulawangsa anggenipun hanetepi dharmaning sepuh hangrakit sekar cepaka mulya hamiwaha putra mahargya siwi, tetepa winengku ing suka basuki.
Para tamu kakung sumawana putri, wondene menggah reroncening tata adicara ingkang sampun rinancang rinacik rinumpaka dening para kulawangsa nun inggih:
Eko laksitagati purwakaning pahargyan inggih sowanipun putra temanten putri mijil saking tepas wangi manjing ing madyaning sasana rinengga
Dwi laksitagati rawuh & jengkaripun putra temanten kakung tumuju dhateng madyaning sasana wiwaha
Tri laksitagati pasrah-pinampi putra temanten kakung
Catur laksitagati dhaup panggihing putra temanten anut satataning adat widhiwadana ingkang sampun sinengker tumunten kalajengaken upacara krobongan
Panca laksitagati nderek mangayuhbagyahipun kadang besan dhateng ingkang hamengku gati ing sasana wiwaha tumunten kalajengaken upacara sungkem
Sad laksitagati atur pangbagyaharjo panjenenganipun ingkang hamengku gati katur sagung para tamu
Sapta laksitagati lengseripun temanten sarimbit saking madyaning sasana wiwaha manjing ing sasana busana, saperlu rucat busana kanarendran santun busana ksatrian
Hasta laksitagati sowan malihipun temanten sarimbit ngabyantara para tamu saperlu nyenyadhang pudyastawa murih widadaning bebrayan
Nawa laksitagati paripurnaning pahargyan inggih jengkaripun temanten sarimbit saking madyaning sasana rinengga tumuju dhateng wiwaraning pawiwahan.
Mekaten menggah reroncening tata adicara pawiwahan ing ratri kalenggahan punika. Salajengipun, keparenga para tamu pinarak wonten ing palenggahan kanthi mardu-mardikaning penggalih, miwah kawula derekaken hanyrantos tumapaking tata adicara sinambi nglaras rarasing gending2 jawi.
Nuwun, nuwun, matur nuwun.


Tag : Bahasa Jawa
0 Komentar untuk "Conto boso Rinenggo"

Back To Top